B. Daerah

Pertanyaan

tuladha cerito aktual bencana alam basa jawa krama alus

1 Jawaban

  • Udan deras dimawani angin banter sing nempuh wilayah kutha lan Kabupaten Magelang wingi sore (16/1) marakake loro wong ngalami tatu-tatu cukup serius. Kekalihe ketiban wit ambruk.

    Saking kencange angin, siji baliho ukuran 6 x 12 meter neng dalan A. Yani uga ambruk. Tepate, neng ngarep markas Detasemen Polisi Militer Magelang. Untunge, awak baliho ora ngembruki pengendara sing pada liwat neng dalan kesebut. Akibat kedaden kuwi, arus lalu lintas neng dalan A. Yani ngalami macet sawentara.

    Loro warga sing tatu yaiku Sri Handoyo Bekti, umur 34 taun, warga Mantenan, Kecamatan Candimulyo, Kabupaten Magelang; lan Bambang Triyono, umur 36 taun, warga desa paten gunung, Kelurahan Rejowinangun kidul, Kecamatan Magelang Selatan.

    Sri ngalami tatu lecet neng kanggonan awak lantaran kembrukan wit randu wektu liwat neng dalan telaga werna, desa Nambangan, Kelurahan Rejowinangun Utara, Kecamatan Magelang Tengah.

    Lagekne Bambang ngalami tatu serius neng kanggonan sirah sakwise kembrukan wit wektu liwat numpak sepeda montor neng dalan pemuda, kutha Magelang. Kekalihe saiki dirawat neng UGS RSUD Tidar Magelang. “(Korban) isih mbisa perawatan intensif saka dokter neng UGD,” gamblang sawong panugas RSUD Tidar kutha Magelang.

    Miturut pawarta, angin kencang sing neras mung itungan menit kuwi uga ngrubuhake siji baliho neng dalan Tentara pelajar No 7. Tepate, neng ngarep Sky Light Plaza Magelang.

    Sawentara kuwi, wit-wit sing ambruk kedadean neng sacacah ruas dalan protokol. Antarane neng dalan Pajang, dalan pemuda (Pecinan), dalan Tidar, dalan Tentara pelajar, dalan Diponegoro, sekitar RSU Tidar, lan Nambangan.

    sumber : pawartabahasajawa.blogspot

Pertanyaan Lainnya